Latest Post :
Home » , , , » Pahlawan Emansipasi Wanita

Pahlawan Emansipasi Wanita

{[['']]}


R. A. Kartini salah sijine pejuang wanita Indonesia. Panjenengane kagungan gegayuhan sing adi luhung. Tekade kepingin ngajokake kaum wanita. Gegayuhane iku kepriye supaya kaum wanita Indonesia nduweni hak sing padha karo kaum priya. Kaum wanita saiki wis ngrasakake kasile. Saiki kaum wanita lan kaum priya duwe hak, kalungguhan, lan tanggung jawab kang padha.
R. A. Kartini iku lair ing Jepara tanggal 21 Mei 1879. Bapane dados Bupati Jepara, asmane R. M. Haryo Sosroningrat. R. A. Kartini kagungan sipat pemimpin sing andhap asor. Panjenengane disuyuti kabeh rakyat Indonesia, luwih-luwih rakyat Jepara.
Jaman semono sekolahan during kaya saiki. Sekolahan isih arang-arang. R. A. Kartini kagolong Kenya sing pinter, dhuwur gegayuhane. Nanging ingkang rama nglarang, ora marengake menawa R. A. Kartini nerusake sekolahe.
Jaman semana isih mlaku adat pingitan. Tegese, bocah wadon sing wis ngancik diwasa ora kena metu saka ngomah. ewa semono, panggalihe R. A. Kartini ora nglokro. Saya suwe pepenginan kanggo njunjung drajate waita ora saya mendha, nanging malah saya makantar-kantar.
Ana ing Jepara R. A. Kartini ngedegake sekolahan kang mligi kanggo bocah-bocah wadon, dijenengake Sekolah Kartini. Bocah-bocah diwulang maca, nulis, etung, lan keprigelan rena-rena, kayata : nyongket, nyulam, lan njait.
Yuswa 24 taun, R. A. Kartini dipundhut garwa dening Raden Adipati Jayadiningrat, Bupati Rembang. Raden Adipati Jayadiningrat nyarujuki lan mbiyantu adage sekolah kartini. Sekolah Kartini saya suwe saya ngrembaka. Ing kutha liya akeh kang ngedegake sekolah kartini, kayata : Semarang, Surabaya, Malang, Madiun, Yogyakarta, Lan Cirebon.
Taun 1904 R. A. Kartini seda, yaiku patang dina sabubare babaran. Kanggo ngeling-ngeling labuh labete R. A. Kartini, saben tanggal 21 April dianakake pengetan dina wiyose R. A. Kartini.
Share this article :

+ komentar + 1 komentar

11 Mei 2013 pukul 23.28

kangmas pake bhs jawa :D

Posting Komentar

 
Support : Arteri's Blog
Copyright © 2011. Arteri's Blog - All Rights Reserved
Template Edited by Arbi Article by Binteri
Proudly powered by Blogger