Latest Post :
Home » , , , , » Candi Bersejarah di Kota Nganjuk

Candi Bersejarah di Kota Nganjuk

{[['']]}


Candi Lor mapan ing tlatah Candirejo Kecamatan Loceret, Kabupaten Nganjuk. kira-kira 3-4 Km saka kidul pusat Kutha Nganjuk. candi iki diadegake Empu Sindok taun 859 C utawa 937 M dadi tugu peringatan unggul ( Jayastamba ) perange Empu Sindok mungsuh Melayu.
Kasebut Candi Lor amarga madhep ngalor . umure Candi Lor wis tuwa banget, ±10,5 abad luwih. agawe saka bata abang. ing sisih kidul ana wit Kepuh kang oyote mbulet ana sakujure bangunan candi. duwure Candi Lor nganti ±9,30 m. Candi Lor iki nduweni sipat Siwais, amarga ing jerone nate ditemokake Reca Ganesa lan Reca Nandi. ing lor candi an Areca Ganesa lan Reca Siwa Mahadewa, uga Lingga Yoni. sakliyane iku, uga ana pesareane pamomong Empu Sindok, Yang Kerta lan Yang Kerti.
Taun 1913 nate ditemukake reca ing sawah sekitare Candi Lor, agawe saka perunggu lan gambarane kayata Pantheon Budhisme, yaiku :
1.      Tara Musik (7,8 cm) nglukisake wong kang lagi nyanyi, nari, lan dulinan kecapi saka rotan . baktine manembah Dhyani Buddha.
2.      Bodhisattwa (7,8 cm) yaiku bakale Buddha.
3.      Dhupa Tara lan Puspha Tara ( 9 cm ). nglukisake wujud kang ramping lan bagus ayu rupane.
ing kompleks Candi Lor uga ditemukake Prasasti Anjukladang kang dadi bukti pisik anane lan laire Kutha Nganjuk. prasasti iki dikasilake Empu Sindok ingkang gadhah jejuluk Sri Isanawikrama Dharmotunggadewa taun 857 C utawa 935 M.
Share this article :

Posting Komentar

 
Support : Arteri's Blog
Copyright © 2011. Arteri's Blog - All Rights Reserved
Template Edited by Arbi Article by Binteri
Proudly powered by Blogger