Latest Post :
Home » , , » Dirgahayu Kutha Bayu

Dirgahayu Kutha Bayu

{[['']]}


Sakmenika wonten tiga rena sumber epigrafis ingkang sampun dipun temukaken wonten daerah Kabupaten Nganjuk. Renanipun inggih punika : Prasasti Kinawe saking Tanjung Kalang, Prasasti Hering saking Kujon Manis Tanjunganom, lan Prasasti Anjuk Ladang saking Desa Candirejo.
            Prasasti Kinawe, sumber ingkang paling sepuh saking daerah Kabupaten Nganjuk, ingkang kaserat naminipun Sri Maharaja Wawa. Prasasti menika dipun wara-waraaken pas kaliyan taun Masehi, dinten Kamis Wage, sasi November 928. Cariyosipun bebasaken Desa Kinawe saking pungutan pajak lan angsal hak dados Desa Sima. Empu Sindok Sri Isanawikrama dados Rakriyan Mapatih, wonten masanipun Sri Maharaja Wawa. Ananging prasasti menika  mboten saged dipun dadosaken landasan ingkang kiat dados Dirgahayu Kabupaten Nganjuk.

            Prasasti Hering, saking Kujon Manis daerah Warujayeng, Nganjuk Timur. Prasasti menika dipun miyosaken dinten Kamis Wage, 22 Mei 934, kaliyan Sri Maharaja Empu Sindok Sri Isnawikrama Dharmatunggadewa. Isinipun cariyosaken jual beli tanah sawah. Ananging prasasti menika inggih mboten saged dipun dadosaken landasan Dirgahayu Kutha Nganjuk.
            Prasasti Anjuk Ladang, saking kompleks Candi Lor, Desa Candirejo, inggih sumber paling sepuh ingkang nyerataken toponimi Anjukladang. Prasasti menika dipun miyosaken kaliyan Sri Maharaja Empu Sindok Isanawikrama Dharmotunggadewa, Pejabat Tinggi Kraton, Pejabat Daerah. Prasasti menika cariyosaken desa Anjuk Ladang ingkang dipun anugerahi status otonomi utawi Swatantra serta daerah ingkang dipun bebasaken saking pungutan pajak. Prasasti Candi Lor menika gadhah nilai historis lan arkeologis dibandingaken Prasasti Kinawe lan Prasasti Hering, amargi wonten naminipun Desa Anjuk Ladang ingkang awet ngantos 10 abad. Saking data epigrafis menika, taun anugerah Watek Anjukladang dados Desa Swatantra saged dipun damel Dirgahayu Kutha Nganjuk. Tanggal 12 sasi Caitra, Krasnapaksa, HA PO SO, sami mawon kaliyan taun Masehi, 10 April 937, dinten Senin Pon, Dinten Yang ( Sadwara ) Benteng ( Triwara ), Wuku Sinta, 10 April 937. Menika ingkang cocok dados Dirgahayu Kutha Bayu.
Share this article :

Posting Komentar

 
Support : Arteri's Blog
Copyright © 2011. Arteri's Blog - All Rights Reserved
Template Edited by Arbi Article by Binteri
Proudly powered by Blogger