Latest Post :

Bapak Tut Wuri Handayani

{[['']]}


Saben tanggal 2 Mei  mesthi ana Upacara Hardiknas. Hardiknas iku cekakaning saka Hari Pendidikan Nasional. Wiwit saka Taman Kanak-Kanak nganti Pamulangan Luhur mahargya anane pengetan hari Pendidikan Nasional. Kanggo ngregengake suwasana Hardiknas, akeh kang ngadakake sayembara rena-rena, kayata : olah raga, kesenian, ketrampilan, asah trampil, lan isih akeh maneh.
Hardiknas kapilih saben tanggal 2 Mei, pinangka mengeti labuh labete Ki Hajar Dewantara ing babagan panggula wenthah tumraping bangsa indonesia. Wiyosane ki hajar dewantara  iku tanggal 2 Mei 1889. Asmane timur Raden Mas Suwardi Suryaningrat.
Bangsa Indonesia nalika semana racake isih padha bodho lan padha mlarat banget. Uga ana sing oleh kabegjan, bisa sinau ngangsu kawruh kalebu Ki Hajar Dewantara iku. Panjenengane kagungan gegayuhan kang luhur, yaiku kepriye bisane minterake Bangsane, kepengin labuh marang Negarane.

Ki Hajar Dewantara nate dadi wartawan kalawarti lan ariwarti sedyatama. Panjenengane tansah mbrstha pepalang tumrap majuning bangsa kita. Kabeh seratane Ki Hajar Dewantara kapacak ing kalawarti lan ariwati kang sumebar nganti tekan Negara Walanda. Surasane nuwuhake gumregute Bangsa Indonesia anggone padha mbudidaya bisane enggal merdeka, lan bisane dadi pinter kabeh. Kancane saperjuangan iku antarane Dokter Cipta Mangunkusuma, Dowes Dekker.
Ing tanggal 3 Juli 1922 Ki Hajar Dewantara  ngedegake Taman Siswa kanthi sesanti :
Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani.
Share this article :

Posting Komentar

 
Support : Arteri's Blog
Copyright © 2011. Arteri's Blog - All Rights Reserved
Template Edited by Arbi Article by Binteri
Proudly powered by Blogger