{[['
']]}
R.
A. Kartini salah sijine pejuang wanita Indonesia. Panjenengane kagungan
gegayuhan sing adi luhung. Tekade kepingin ngajokake kaum wanita. Gegayuhane
iku kepriye supaya kaum wanita Indonesia nduweni hak sing padha karo kaum
priya. Kaum wanita saiki wis ngrasakake kasile. Saiki kaum wanita lan kaum
priya duwe hak, kalungguhan, lan tanggung jawab kang padha.
R.
A. Kartini iku lair ing Jepara tanggal 21 Mei 1879. Bapane dados Bupati Jepara,
asmane R. M. Haryo Sosroningrat. R. A. Kartini kagungan sipat pemimpin sing
andhap asor. Panjenengane disuyuti kabeh rakyat Indonesia, luwih-luwih rakyat Jepara.
Jaman
semono sekolahan during kaya saiki. Sekolahan isih arang-arang. R. A. Kartini kagolong
Kenya sing pinter, dhuwur gegayuhane. Nanging ingkang rama nglarang, ora
marengake menawa R. A. Kartini nerusake sekolahe.
Jaman
semana isih mlaku adat pingitan. Tegese, bocah wadon sing wis ngancik diwasa
ora kena metu saka ngomah. ewa semono, panggalihe R. A. Kartini ora nglokro. Saya
suwe pepenginan kanggo njunjung drajate waita ora saya mendha, nanging malah
saya makantar-kantar.
Ana
ing Jepara R. A. Kartini ngedegake sekolahan kang mligi kanggo bocah-bocah
wadon, dijenengake Sekolah Kartini. Bocah-bocah diwulang maca, nulis, etung,
lan keprigelan rena-rena, kayata : nyongket, nyulam, lan njait.
Yuswa
24 taun, R. A. Kartini dipundhut garwa dening Raden Adipati Jayadiningrat,
Bupati Rembang. Raden Adipati Jayadiningrat nyarujuki lan mbiyantu adage
sekolah kartini. Sekolah Kartini saya suwe saya ngrembaka. Ing kutha liya akeh
kang ngedegake sekolah kartini, kayata : Semarang, Surabaya, Malang, Madiun, Yogyakarta,
Lan Cirebon.
Taun 1904 R. A.
Kartini seda, yaiku patang dina sabubare babaran. Kanggo ngeling-ngeling labuh
labete R. A. Kartini, saben tanggal 21 April dianakake pengetan dina wiyose R.
A. Kartini.
+ komentar + 1 komentar
kangmas pake bhs jawa :D
Posting Komentar