{[['
']]}
Candi
Lor mapan ing tlatah Candirejo Kecamatan Loceret, Kabupaten Nganjuk. kira-kira
3-4 Km saka kidul pusat Kutha Nganjuk. candi iki diadegake Empu Sindok taun 859
C utawa 937 M dadi tugu peringatan unggul ( Jayastamba ) perange Empu Sindok mungsuh
Melayu.
Kasebut Candi Lor amarga
madhep ngalor . umure Candi Lor wis tuwa banget, ±10,5 abad luwih. agawe saka
bata abang. ing sisih kidul ana wit Kepuh kang oyote mbulet ana sakujure
bangunan candi. duwure Candi Lor nganti ±9,30 m. Candi Lor iki nduweni sipat Siwais,
amarga ing jerone nate ditemokake Reca Ganesa lan Reca Nandi. ing lor candi an Areca
Ganesa lan Reca Siwa Mahadewa, uga Lingga Yoni. sakliyane iku, uga ana
pesareane pamomong Empu Sindok, Yang Kerta lan Yang Kerti.
Taun
1913 nate ditemukake reca ing sawah sekitare Candi Lor, agawe saka perunggu lan
gambarane kayata Pantheon Budhisme, yaiku :
1. Tara
Musik (7,8 cm) nglukisake wong kang lagi nyanyi, nari, lan dulinan kecapi saka
rotan . baktine manembah Dhyani Buddha.
2. Bodhisattwa
(7,8 cm) yaiku bakale Buddha.
3. Dhupa
Tara lan Puspha Tara ( 9 cm ). nglukisake wujud kang ramping lan bagus ayu
rupane.
ing
kompleks Candi Lor uga ditemukake Prasasti Anjukladang kang dadi bukti pisik
anane lan laire Kutha Nganjuk. prasasti iki dikasilake Empu Sindok ingkang
gadhah jejuluk Sri Isanawikrama Dharmotunggadewa taun 857 C utawa 935 M.
Posting Komentar