Saben
tanggal 2 Mei mesthi ana Upacara
Hardiknas. Hardiknas iku cekakaning saka Hari Pendidikan Nasional. Wiwit saka
Taman Kanak-Kanak nganti Pamulangan Luhur mahargya anane pengetan hari
Pendidikan Nasional. Kanggo ngregengake suwasana Hardiknas, akeh kang ngadakake
sayembara rena-rena, kayata : olah raga, kesenian, ketrampilan, asah trampil,
lan isih akeh maneh.
Hardiknas
kapilih saben tanggal 2 Mei, pinangka mengeti labuh labete Ki Hajar Dewantara
ing babagan panggula wenthah tumraping bangsa indonesia. Wiyosane ki hajar
dewantara iku tanggal 2 Mei 1889. Asmane
timur Raden Mas Suwardi Suryaningrat.
Bangsa
Indonesia nalika semana racake isih padha bodho lan padha mlarat banget. Uga
ana sing oleh kabegjan, bisa sinau ngangsu kawruh kalebu Ki Hajar Dewantara
iku. Panjenengane kagungan gegayuhan kang luhur, yaiku kepriye bisane minterake
Bangsane, kepengin labuh marang Negarane.
{[['
']]}