{[['
']]}
Sakmenika
wonten tiga rena sumber epigrafis ingkang sampun dipun temukaken wonten daerah Kabupaten
Nganjuk. Renanipun inggih punika : Prasasti Kinawe saking Tanjung Kalang, Prasasti
Hering saking Kujon Manis Tanjunganom, lan Prasasti Anjuk Ladang saking Desa Candirejo.
Prasasti Kinawe, sumber ingkang
paling sepuh saking daerah Kabupaten Nganjuk, ingkang kaserat naminipun Sri
Maharaja Wawa. Prasasti menika dipun wara-waraaken pas kaliyan taun Masehi,
dinten Kamis Wage, sasi November 928. Cariyosipun bebasaken Desa Kinawe saking
pungutan pajak lan angsal hak dados Desa Sima. Empu Sindok Sri Isanawikrama dados
Rakriyan Mapatih, wonten masanipun Sri Maharaja Wawa. Ananging prasasti
menika mboten saged dipun dadosaken
landasan ingkang kiat dados Dirgahayu Kabupaten Nganjuk.
Prasasti Hering, saking Kujon Manis daerah
Warujayeng, Nganjuk Timur. Prasasti menika dipun miyosaken dinten Kamis Wage, 22
Mei 934, kaliyan Sri Maharaja Empu Sindok Sri Isnawikrama Dharmatunggadewa. Isinipun
cariyosaken jual beli tanah sawah. Ananging prasasti menika inggih mboten saged
dipun dadosaken landasan Dirgahayu Kutha Nganjuk.
Prasasti Anjuk Ladang, saking
kompleks Candi Lor, Desa Candirejo, inggih sumber paling sepuh ingkang
nyerataken toponimi Anjukladang. Prasasti menika dipun miyosaken kaliyan Sri
Maharaja Empu Sindok Isanawikrama Dharmotunggadewa, Pejabat Tinggi Kraton, Pejabat
Daerah. Prasasti menika cariyosaken desa Anjuk Ladang ingkang dipun anugerahi
status otonomi utawi Swatantra serta daerah ingkang dipun bebasaken saking
pungutan pajak. Prasasti Candi Lor menika gadhah nilai historis lan arkeologis
dibandingaken Prasasti Kinawe lan Prasasti Hering, amargi wonten naminipun Desa
Anjuk Ladang ingkang awet ngantos 10 abad. Saking data epigrafis menika, taun
anugerah Watek Anjukladang dados Desa Swatantra saged dipun damel Dirgahayu
Kutha Nganjuk. Tanggal 12 sasi Caitra, Krasnapaksa, HA PO SO, sami mawon
kaliyan taun Masehi, 10 April 937, dinten Senin Pon, Dinten Yang ( Sadwara )
Benteng ( Triwara ), Wuku Sinta, 10 April 937. Menika ingkang cocok dados
Dirgahayu Kutha Bayu.
Posting Komentar